Jumat, 21 Oktober 2016

Hasud (Bahasa Jawa)


Rencang-rencang ingkang kawulo tresnani.
    Sumonggo kito sedoyo ningkataken taqwa dhateng Allah SWT. Salah setunggalipun ingkang saget dipun lampahi inggih menika kanti ngilangaken sifat-sifat Awon ingkang  tumempel wonten salebete  ati kita,  ing antawisipunsifat HASUD.
    Sifat Hasud  utawi  Dengki inggih puniko rumaos mboten remen kaliyan nikmat ingkang  Allah paringna dhateng tiyang sanes, malah  gadhah karep ngicalaken kesenengan tiyang sanes. Hasud  utawi Dengki perkawis alit  ananging saged mbeto pengaruh ingkang ageng, Ibarat ipun hasud meniko setitik nila ingkang saged ngrusaken susu sak wadah. Hasud meniko saget ngrusak amal-amal sae ingkang sampun kito lampahi.

Kados dene dawuhipun kanjeng nabi muhammad saw.
إِيَّاكُمْ وَالْحَسَدَ فَإِنَّ الْحَسَدَ يَأْكُلُ الْحَسَنَاتِ كَمَا تَأْكُلُ النَّارُ الْحَطَبَ
Artosipun : Ngrekso o Panjenengan saking hasad, amergihasad niku nglebur prilaku ingkang sae ibaratipungeni nglebur kayu bakar
    Hasud biasanipun dipun milai saking raos mboten remen dhateng tiyang sanes ingkang pikantuk kenikmatan. Hasud meniko soyo tambah menawi tiyang sanes kenikmatanipun sayo tambah.
Malah  sifat  Hasud / dengki   meniko menawi  dipun terusaken , mboten kendhel ngantos tiyang sanes ingkang  pikantuk kenikmatan meniko ical utawi telas.

Sebab-sebab dengki wonten 3. Inggih puniko :
1.      -  Rumaos  Benci / gelo  datheng tiyang  sanes ingkang  pikantuk  keluwihan  / kenikmatan  ingkang dipun  parengaken  Allah  dateng  tiyang sanes .
2.      - Tiyang ingkang dipun dengki langkung inggil martabatipun  wonten  piyambake (  tiyang dengki )  mboten saget  pikantuk  martabat  kalawau.
3.      - Sifat medit /Pelit  tiyang  Hasud  senajan   gadah  keluwihan,  piyambakipun iri hati dhateng saben  tiyang  ingkang langkung sae tinimbang piyambake.

Wonten wolu bahaya hasud :
            Kaping satunggal, ngerusak ketaatan dhateng Allah SWT.
Thulodho :  Tiyang dagang, biasanipun piyambake badhe  pados  untung  langkung ageng kanti cara punapa kemawon.
            Kaping kalih, Mbikak  dalan  maksiat. Menawi hasud biasanipun  mbutuhaken tulungan tiyang sanes kagem ngicalaken nikmatipun tiyangingkang dipun hasud.
Thulodho : nyuwun pitulung dukun.
Kaping tigo, Saget ngalang-ngalangi   saking syafaat / pitulungan  benjeng  wonten  dinten kiyamat.
            Kaping sekawan, saget   ngrugeaken  tiyang , sehingga  mlebet neraka.
            Kaping gangsal, Hasud saget mbahayaken  tiyang. meniko saget kedasosan amargi tiyang badhe  ngupaya  saestu – estu  supados hasil  kakajenganipun .
            Kaping nenem,  tiyang ingkangHasud selajeng dipun ribetaken kaliyan masalah ingkang mboten wonten ginanipun  lan  tansah  susah  ingkang mboten kewates.
            Kaping kepitu,  Saget  nyebabpaken  tiyang  mboten peduli  maleh dhateng syariat hukum Allah SWT.
            Kaping wolu, hasud  menika  bade  ngalangi   dateng  keberhasilan , Artosipun  Hasud  bade nebehaken  saking  kesuksesan .

Wonten  Obat ingkang saget ngicalaken  hasud saking ati inggih puniko nyepeng ing agami  lan  ningali  bilih  Dengki  menika wonten  madhorotipun ,  ugi ridho dateng  qodo’ lan qodar Allah.
Mila menika prilaku hasud  kadus ingkang sampun kulo aturaken kala wau mlebet  salah setunggalipun pendamelan ingkang dipun awis kalian Allah,


Kados Dawuhipun Allah wonten ing Surat An Nisa ayat 32
وَلا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَى بَعْضٍ لِلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبُوا وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِمَّا اكْتَسَبْنَ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِنْ فَضْلِهِ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا
Artosipun :Lan aja siro Iri marang apa kang dikaruniaake  Allah marang sebagian siro luwih akeh tinimbang loyani, (amargo)  kanggo wong lanang ana bagian saka kang wus diusahaake, lan kanggo wong wadon ya  ana bagian saka kang diusahakake, lan  nyuwunno marang Allah sebagian saka karunia Allah. Saktemene Allah Maha weruh sanudayanipun. (QS. an Nisa': 32)

   Mugi-mugi kita saget nebihi sifat hasud menika, salah  setunggale sifat  ingkang awon, lan saget  nekakaken  akibat awon ingkang ageng sanget. 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar